JAMASAN PUSAKA KRATON NGAYOGYAKARTA
Dinten Rebo (28/11) siyang, puluhan abdi dalem Kraton Ngayogyakarta katingal saweg njamasi pusaka. Upacara jamasan pusaka ingkang ajeg dipun adani saben taun punika, boten binuka kangge masyarakat. Salah satunggaling abdi dalem Kraton Ngayogyakarta, Aning Sunindyo, ngandharaken, jamasan pusaka dipun tindakaken kalih dinten, awit wonten 200 pusaka ingkang kedah dipun jamasi.
Nalika dipun panggihi saparipuranipun nampi rawuhipun Raja Putra Norwegia ing Kraton Ngayogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwana X, ngandharaken, pehak kraton, ajeg ngadani jamasan pusaka saben taunipun, wondene ngarsa dalem njamasi piyambak, pusaka ingkang sampun sepuh, inggih punika tumbak Kangjeng Kyai Ageng Pleret lan Baru Klinting.
Ancasipun Kraton Ngayogyakarta nindakaken jamasan pusaka saben taun, supados pusaka kagungan dalem Kraton Ngayogyakarta awet. (Hari Atmaja – Ernyta)
Nama kelompok :
1. Alita Devi Sundari Janati (3)
2. Desy Ananda Pratiwi (5)
Diki Dhalang Cilik Ingkang Mumpuni
Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa tiyang sepuhipun lan para para leluhuripun sanes satunggaling dhalang ananging Diki Yoga Mahendra siswa kelas 3 SMP Negeri 1 ing Gamping Sleman, saged dados dhalang ingkang mumpuni. Salebeting pagelaran kangge ngregengaken pengetan Hari Guru Nasional ing Gedung Serbaguna Sleman dinten Setu (1/12) siang tetela damel keprananipun para pejabat lan guru ingkang mriksani.
Diki Yoga Mahendra mratelakaken, wiwit kelas 3 SD remen ningali pagelaran ringit purwa lan greget gladhen ndhalang. Awit dipun gladhi dening satunggaling dhalang paramila wiwit kelas 5 SD asring ndhalang, lan samangke Diki kupiya ngindhakaken kasagedanipun.
Diki Yoga Mahendra nalika taun 2011 sasab dados juara kalih lomba dhalang cilik tataran provinsi. Sasampunipun lulus SMP, Diki kepengin badhe nglajengaken ngangsu kawruh dhateng SMKI Ngayogyakarta. (Subardi)








0 komentar:
Posting Komentar