Minggu, 02 Desember 2012

Berita dengan Bahasa Jawa


JAMASAN PUSAKA KRATON NGAYOGYAKARTA
 

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Wulan Sura mujudaken wulan mirunggan menggahing  Kraton Ngayogyakarta. Ing wulan Sura atusan pusaka kagungan Dalem Kraton Ngayogyakarta dipun wedalaken saking papan palereman  saperlu dipun  jamasi.  Amrih rancaging upacara jamasan, sadangunipun kalih dinten wisata Kraton Ngayogyakakrta, dipun tutup kangge  wisatawan.
Dinten Rebo (28/11) siyang, puluhan abdi dalem Kraton Ngayogyakarta  katingal saweg njamasi pusaka. Upacara jamasan pusaka ingkang ajeg dipun adani saben taun punika,  boten binuka kangge masyarakat.  Salah satunggaling abdi dalem Kraton Ngayogyakarta,  Aning Sunindyo, ngandharaken, jamasan pusaka dipun tindakaken kalih dinten, awit  wonten 200  pusaka ingkang kedah dipun jamasi.
Nalika dipun panggihi saparipuranipun nampi rawuhipun Raja Putra Norwegia ing  Kraton Ngayogyakarta,  Sri Sultan Hamengku Buwana X,  ngandharaken, pehak kraton,  ajeg ngadani jamasan pusaka saben taunipun, wondene ngarsa dalem  njamasi  piyambak, pusaka  ingkang sampun sepuh, inggih punika tumbak Kangjeng Kyai Ageng Pleret lan Baru Klinting. 
Ancasipun Kraton Ngayogyakarta nindakaken jamasan pusaka saben taun, supados pusaka kagungan dalem Kraton Ngayogyakarta awet. (Hari Atmaja – Ernyta)





Nama kelompok               : 1. Alita Devi Sundari Janati         (3)
                                          2. Desy Ananda Pratiwi              (5)



Diki Dhalang Cilik Ingkang Mumpuni




 Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa tiyang sepuhipun lan para  para leluhuripun sanes satunggaling dhalang  ananging  Diki Yoga Mahendra  siswa kelas 3 SMP Negeri 1 ing Gamping Sleman,  saged dados dhalang ingkang mumpuni. Salebeting  pagelaran kangge ngregengaken pengetan Hari Guru Nasional ing Gedung Serbaguna Sleman  dinten Setu (1/12) siang tetela damel keprananipun para pejabat lan guru ingkang mriksani.
Ing kalodhangan kasebat  Diki Yoga Mahendra mbabar lampahan Gathutkaca Winisuda. Lampahan ingkang nyariyosaken satunggaling satriya ingkang tumemen budidaya kangge mujudi panjangkanipun. Sinaosa anggenipun mbabar lampahan  namung kalih jam  ananging pagelaran kasebat  pranyata ndamel kepranan para pejabat lan sawetawis guru ingkang mriksani.
Diki Yoga Mahendra mratelakaken,  wiwit kelas 3 SD  remen ningali pagelaran ringit purwa  lan greget gladhen ndhalang. Awit dipun gladhi dening satunggaling dhalang paramila wiwit kelas 5 SD  asring  ndhalang, lan samangke Diki kupiya ngindhakaken kasagedanipun.
Diki Yoga Mahendra     nalika taun 2011 sasab dados  juara kalih lomba dhalang cilik tataran provinsi. Sasampunipun lulus SMP, Diki kepengin badhe nglajengaken ngangsu kawruh dhateng SMKI Ngayogyakarta. (Subardi)

0 komentar:

Posting Komentar